Dewi Sukesi
Dewi
Sukesi yakuwi anak wadone Prabu Sumali, Ratu Alengka. Dheweke duwe sedulur
jenenge Di-tya Prahasta. Nalika dhewasa, Dewi Sukesi dadi rebutan para satriya
lan ratu ing jagad. Nanging, dheweke gelem dadi bojone sapa wae, anggere wong
kuwi bisa njabarake ilmu Sastra Jendra Hayuningrat. Saliyane kuwi, Ditya
Jambumangli uga pasanggiri sapa wae sing ameh nglamar Dewi Sukesi kudu bisa
ngalahake dheweke. Manawa bisa nelukake Jambumangli, diantukake mboyong Dewi
Sukesi, kang kapetung isih sedulur pupone. Jambumangli dhewe sajane nyimpen
rasa tresna marang Dewi Sukesi lan kepengin jejodhoan karo dheweke.
Antarane
para satriya lan ratu kang nglamar Dewi Sukesi kuwi, ana Begawan Wisrawa kang
uga nglamar Dewi Sukesi kanggo anake, Prabu Danareja, ratu nagara Lokapala.
Kocap kacarita, sayembara iku bisa dimenangake dening Begawan Wisrawa lan
dheweke banjur mboyong Dewi Sukesi supaya diningkahake karo anake, Prabu
Danaraja.
Nanging
Dewi Sukesi wegah lan ora gelem netepi jejodhoan iku, amarga Prabu Danaraja
dudu wong kang bisa nja-barake ilmu Sastra Jendra Hayuningrat. Mula, dheweke
kudu kawin karo Begawan Wisrawa. Jejodhoan iki nuwuhake nesune Jambumangli,
saengga kedadean peperangan antarane Jambumangli lawan Begawan Wisrawa.
Jambumangli tiwas kanthi awak karajang-rajang.
Sadurunge
mati, Jambumangli nyupatani sukmbene anake Wisrawa bakal nemoni nasib kaya
Jambumangli, matine kanthi awak karajang-rajang kaya cara patine dheweke.
Dene
ing jejodhoane karo Begawan Wisrawa, Dewi Sukesi duweni anak cacah papat yakuwi
Rahwana utawa Prabu Dasamuka, Arya Kumbakarna, Dewi Sarpakenaka lan Arya
Wibisana. Anak-anake Dewi Sukesi iki ing tembene bakal dadi kaca benggalaning
sakabehe kabecikan lan kaluputaning manungsa. Budi candhala bakal tumpes dening
budi utama.
Tags
Budaya